Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Bekti Marang Wong Tuwo | Tentang Bekti Marang Wong Tuwo | Singkat | 4 Bait | 2 Bait |
Contoh Geguritan Bahasa Jawa Tema Bekti Marang Wong Tuwo
Geguritan adalah salah satu jenis sastra yang berasal dari Jawa. Dalam bahasa Jawa, ‘geguritan’ berarti ‘membuat syair’. Geguritan merupakan karya sastra yang ditulis dalam bentuk syair yang diiringi dengan irama.
Dalam artikel ini, kita akan membahas beberapa contoh geguritan bahasa Jawa yang dapat menambah wawasan kita tentang kekayaan sastra Jawa. Termasuk contoh geguritan Bahasa Jawa Tema Bekti Marang Wong Tuwo yang dibahas dalam tulisan ini. Selamat membaca!
IBU
Ibu …
Lumintiring asihmu
Kadya cahya lintang ing angkasa
Gumebyar gawe padhanging tyasmu…
Tan kendhat pudyamu,pepujimu kanggo aku
Lir pradipta rumeksa ing wengi,
Rinenggo pupus’ing rembulan
Ibu…
Kang kinasih …
Sih kawelasanmu nyirna’ake sadhaya luptaku
Luputku marang laku kadarman kang pinerak
Ibu…
Sewu atur ora bakal cukup,bandha donya ora bakal nutup,katresnan’mu marang aku
Ibu…
Aku bakal sregep lelaku,ngudi laku utomo,nyebar tresna marang sapadha,kanggo esem’mu kang ngebaki kalbuku
Ibu
Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu
Rama
Srengenge enjang, banjur nyapa aku
Panjenengan dadosaken dinten menika, kangge pangorbananmu
Pangorbanan, kangge madosi rezki
Pangorbanan, kangge madosi ingkang enggal
Panjenengan ajaraken makna parjuangan
Panjenengan ajaraken makna kasuksesan
Rama, tanpa panjenengan, aku boten bakal dados kados puniki
Kekajenganku, ora mungkin bakal kegayuh.Kekajengan kangge ngangsali keberhasilan
Kekajengan kangge ngangsali kasuksesan
Ramaku, Srengengeku
Ibu Bapak
Ibu, bapak
Panjenengan ingkang sampun ngerawat kula
Ngerawat supados dados tiyang ingkang soleh
Saget dados kebanggan keluarga, nusa, lan bangsa
Ibu, bapak
Matur nuwun mboten cekap kagem mbales sedaya jasa panjenengan
Namung setunggal harapan kula
Sedaya kesaenan panjenengan dibales Gusti
Gusti
Kula nyuwun kesarasan, bagya, lan mulya marang ibu bapak
Mugi-mugi dipunsukani kalancaran rejeki amagi Gusti
Ibu, bapak
Panjenengan niku ibarat cahya
Dunya peteng lan mbuntet tanpa anane cahya
Enjing, siang, dalu, panjenengan tansah maringi terang
Kula ngaturaken matur nuwun sagem sedaya kesaenanipun
Itulah beberapa contoh geguritan bahasa Jawa Tema Bekti Marang Wong Tuwo yang dapat kita jadikan referensi. Dari contoh-contoh tersebut, kita dapat melihat betapa kaya dan indahnya sastra Jawa. Geguritan merupakan salah satu jenis sastra yang sangat menarik untuk dibaca dan dipelajari. Karya-karya geguritan dapat menambah wawasan kita tentang kebudayaan Jawa, serta memberikan hiburan dan inspirasi dalam kehidupan sehari-hari. Semoga artikel ini dapat menambah kesadaran kita akan kekayaan sastra Jawa dan mendorong kita untuk lebih mengenal dan menghargai sastra-sastra lokal.




