Cerita Wayang Bahasa Jawa Bima Bungkus

Wayang

Cerita Wayang Bahasa Jawa Bima Bungkus | Cerita Wayang Nanggo Bahasa Jawa | Sinopsis Cerita Wayang Bima Bungkus |

Cerita Wayang Bahasa Jawa Bima Bungkus

Wayang adalah salah satu bentuk seni yang sangat kaya akan nilai-nilai budaya dan sejarah. Dalam kebudayaan Jawa, wayang merupakan simbol penting yang menjadi bagian dari kehidupan masyarakat setempat. Wayang Bima adalah salah satu jenis wayang yang paling dikenal dan dicintai.

Dalam tulisan ini, kita akan mengejar kisah Bima yang dikenal dengan nama ‘Bima Bungkus’. Kisah ini menceritakan tentang perjuangan Bima dalam menyelamatkan keluarga dan negara dari musuh-musuh yang jahat. Melalui kisah ini, kita akan memahami nilai-nilai keberanian, kejujuran, dan kesetiaan yang ditonjolkan oleh tokoh Bima.

Tidak hanya menyajikan kisah yang menarik, tulisan ini juga akan memberikan wawasan tentang sejarah dan budaya Jawa. Oleh karena itu, kami mengajak Anda untuk membaca dan memahami isi dalam cerita ini dengan seksama, sehingga Anda dapat menambah wawasan dan pemahaman tentang kebudayaan Jawa.”

Cerita Wayang Bungkus Ringkas Nanggo Bahasa Jawa

Wonten ing jejer Ngastina, Prabu Pandu ugi Dewi Kunthi tansah nandang duka amargi

wiosipun putra kaping kalihipun awujud Bungkus.

Dewi Kunthi : ” kang mas, pripun niki? Putra kita ingkang nomer kalih tasih awujud

bungkus.”

Prabu Pandu : “ Iya diajeng… kangmas ya bingung. Kabeh pusaka sakti wis dak jajal

kanggo mecah si bungkus, ananging si bungkus ora pecah.”

Dewi Kunthi : “ Ananging kang mas, putra kaping kalihipun sampun pirang-pirang tahun

awujud bungkus” (tansah sedih)

Prabu Pandu : “ Ngene diajeng, menawa wae iki pancen wis takdir… awake dhewe kudu

pasrah uga sabar marang pacobaning urip.”

Permadi : “ Rama, Ibu, ampun sedih. Rama ugi Ibu kedhah sabar ngentosi kakang

lahir saking bungkusipun.”

Prabu Pandu : “ Iya ngger…. Ngger putraku, apa kuwe gelem dak utus?”

Permadi : “ Inggih Rama, kula purun… napa wae ingkang rama utus kula purun

nglampahi.”

Prabu Pandu : ” nggene ngger, tulung kuwe sowan mara dalemipun eyangmu Abiyasa,

supaya eyangmu sowan mara ing Ngastina, Rama arep nyuwun pirsa

eyangmu kepriye carane supaya kakangmu bisa metu saka bungkuse.”

Permadi : “ Sendika Dhawuh rama.”

Permadi banjur sowan wonten ing dalem eyangipun Abiyasa wonten ing Partapan Wukir

Retawu.

Permadi : “ Eyang, kula kautus dening rama Pandu supados rawuh wonten dalemipun

eyang.”

Abiyasa : “ iya ngger putuku. Sakjane ana perlu apa kuwe kok sowan nek daleme

eyang?”

Permadi : “ mekaten eyang, kula kautus rama supados eyang saged rawuh wonten

ing Ngastina amargi kakang tasih awujud bungkus.”

Abiyasa : “ Iya ngger… eyang ngerti. Ramamu uga ibumu mesti lagi nandang duka.

Wis ayo menyang nang Ngastina.”

Permadi : “ inngih eyang, sendika dhawuh.”

Permadi uga abiyasa lajeng menyang wonten ing Ngastina. Sasampunipun dugi wonten

ing Ngastina, Prabu Pandu lajeng kepanggih kalihan Bapanipun, Abiyasa.

Prabu Pandu : “ Kepriye ngger…? Eyangmu apa wis rawuh?”

Permadi : “ Inggih rama, eyang wonten ing ngajeng.”

Abiyasa : “ Kepriye ngger.. apa putuku isih awujud bungkus?”

Prabu Pandu : “ Inggih bapa… kula kedah pripun?”

Dewi Kunthi : “ Bapa kados pundi niki?”

Abiyasa : “ Ngene, bucalen putramu ana ing Alas Krendawahana.”

Prabu Pandu : “ inggih Bapa, sendika dhawuh.”

Prabu Pandu ugi Dewi Kunthi banjur ngutus abdi dalemipun inggih punika Punakawan

supados mbucal Si Bungkus wonten ing Alas Krendawahana.

Prabu Pandu : “ Punakawan….”

Punakawan : ” Sendika gusti, wonten punapa nggih?”

Prabu Pandu : “ Ngene, tulung bucalen putra kaping 2 ing Alas Krendawahana. Aku uga

njaluk tulung supaya njaga putraku ana ing alas Krendawahan.”

Semar : ” lho gusti, putra kaling 2 lha kok dipun bucal wonten punapa?”

Prabu Pandu : “ Bapa ngentika supaya putraku bisa metu saka bungkuse.”

Punakawan : “ Oh, mekaten kanjeng gusti… sendika dhawuh.”

Sawetara Punakawan mbucal Si Bungkus wonten ing Alas Krendawahana, Sengkuni ugi

bala Kurawa mangertosi menawi putra kaping kalihipun Prabu Pandu Dewanata dipun bubal

wonten ing Alas Krendawahana.

Sengkuni : “ Le, ponakanku, aku nduweni gagasan. Kepriye yen kuwe njajal mecah Si

Bungkus?

Durmagati : ” Lha wonten napa tha pak lik susah-susah mecah Si Bungkus…”

Suyudhana : “ Inggih pak lik. Dimas Durmagati pancen bener. Wonten punapa kedah

mecah Si Bungkus… mangke menawi Si Bungkus sampun pecah, malah

ndadosaken cilaka dening Kurawa pak lik.”

Sengkuni : “Haduuh ponakanku, ngene pak lik pirsani…. Kuwe mecah Si Bungkus

namung abang-abang lambe… nanging, nalika kuwe mecah Si Bungkus,

kuwe uga bisa musnahake Si Bungkus…”

Durmagati : “ kenging punapa kok kok ugi musnahake Si Bungkus pak lik?

Sengkuni : “ Amarga mbesuk Si Bungkus bakal dadi satriya kang bisa nggawe

Kurawa cilaka.”

Suyudana : “ Menawi mekaten, kula ugi dimas Durmagati badhe mecah Si Bungkus

pak lik..”

Senguni : “ Iya ngger… sing ati-ati.”

Wonten ing Ngastinapura, Durmagati ugi Suyudana manggihi Prabu Pandu badhe

nyuwun restu supados saged mecah Si Bungkus sanadyan namung abang-abang lambe.

Suyudana : “ Pak lik… kula ugi dimas Durmagati badhe nyuwun restu.”

Prabu Pandu :” Restu kanggo opo tho le?”

Durmagati :” Mekaten pak lik, kula ugi kang mas Suyudana badhe nyobi mecah Si

Bungkus pak lik.”

Prabu Pandu : “ Iya ngger… pamanmu iki tetep bakal wenehi restu marang kuwe… sing

ati-ati ya ngger..”

Durmagati : “ Inggih pak lik… matur nuwun.”

Durmagati ugi Suryudana lajeng menyang wonten ing Alas Krendawahana badhe mecah

ugi mateni Si Bungkus. Sasampunipun Suyudana ugi Durmagati sampun dumugi wonten ing

Alas Krendawahana lajeng madosi Si Bungkus.

Durmagati : “ Heh… Si Bungkus, ana ing ngendi wujudmu?, uripmu ora bakal suwi

maneh, rene o hahahaaahaha….”

Suyudana : “ Hahahha…. Heh Si Bungkus coba metu lan ketokke wujudmu. Aku bakal

mateni kowe hahahaha.”

Si Bungkus : (Banjur teka, Gludug-gludug ngggelundung)

Suyudana : “ Rene o Bima Bungkus, ayo peran tanding karo aku. Aku Suyudana

putranipun Rajas Drestrarastra bakal ngilangake sliramu saka donya iki!

Untalono gaman sekti iki…. Hiakkkk” (Perang tanding karo Si Bungkus)

Salajingipun dipun serang ngagem senjata ingkang sekti mandraguna, senjata kalawau

mboten saged musnahaken Si Bungkus. Ananging, Suyudana ugi lajeng lawan Si Bungkus.

Suyudana : “ Kurangajar kuwe Bungkus… coba lawanen sira…”

Si Bungkus : (Lajeng gemlundung muruki Suyudana)

Suyudana ; “ Dina iki kuwe ora bakal menang saka aku Bungkus…. Tampanana aji-aji

sekti. Hiakkkkk” (Perang tanding Si Bungkus)

Salajengipun Si Bungkus dipun serang ngagem aji-aji ingkang sekti, ananging Si

Bungkus ugi menang. Senjata sekti saking Durmagati ugi Aji-aji sekti saking Suyudana mboten

saged nglampahi kekiatanipun Si Bungkus. Lajeng, Durmagati ugi Suyudana lajeng wangsul

wonten ing Ngastinapura.

Durmagati : “ Pak lik…. Pak lik…. Tulungi kula pak lik…”

Suyudana : “ Haduhhhh…. Pak lik, kula sampun mboten kiat pak lik.”

Sengkuni : “ kuwe gene ngge?, rene-rene.”

Suyudana : “ Mekaten pak lik, kula ugi dimas Durmagati kalah perang kalih Si

Bungkus.”

Sengkuni : “ mrene-mrene menjero,… tatumu padha akeh banget.”

Wonten ing Alas Krendawahana, Para Raseksi ugi keganggu, amargi kekiatanipun Si

Bungkus kiat sanget. Lajeng, para Raseksa ugi perang kalih Si Bungkus.

Raseksa : ” Kurangajar… sapa sing wani ganggu aku lan balaku? Metuha… yen

wani tanding karo aku”

Petruk : ” Bapa Semar, kados pundi niki? Wonten Raseksa badhe mejahaken Si

Bungkus.”

Gareng : “ Inggih Bapa Semar… kula ajreg.”

Bagong : “ Bapa kados pundi nasibipun Si Bungkus Bapa?”

Semar : “ kuwe-kuwe ini ora usah padha khawatir ngger… Si Bungkus iku sekti

mandraguna. Raseksa bakal kalah.”

Petruk, Gareng, Bagong : “ Inggih bapa.”

Si Bungkus : (Banjur ngglundung lan ana gludug)

Raseksa : “ Oh, iki tha sing ngganggu para Raseksa… hahahaha Rupamu ora

mbejaji. Coba lawan aku… hahahaha” (lajeng perang )

Raseksa lajeng kalah kalihan Si Bungkus. Raseksa kalawau lajeng ngajak bala-balanipun

supados ninggalaken Alas Krendawahana.

Raseksa I : “ Haduuuhhhh…… ayooo bala-bala raseksa padha ngalih. Aja ning alas iki

manehhhh.”

Raseksa II :” kenging punapa kok sami nyingkir saking alas puniki?”

Raseksa I : “ Ana Si Bungkus sing nduweni kekuanan super… nak ora ninggalake alas

iki awake dhewe bakal ajur mumur.”

Para Raseksa : “ Sendika Dhawuh gusti.”

Wonten ing Suralaya, Bahtara Guru nimbali Putranipun inggih punika Gajah Seno kangge

mecah Si Bungkus ugi Dewi Uyawi kangge maringi kawruh ugi ageman marang Si Bungkus

supados satriya utama, ugi ndandani Si Bungkus nalika sampun pecah saking bungkusipun.

Bathara Guru : “ Putraku, Gajah Seno, medhuna sira mara ing Alas Krendawahan.

Pecahen Si Bungkus supaya dadi satriya kang utama.”

Gajah Seno : “ Inggih Rama, pitutur Rama bakal kalaksanan.”

Bathara Guru : “ Dewi umayi, kuwe kautus maringi kawruh uga ageman. Menawa Si

Bungkus wis metu saka bungkuse, paringana busana arupa cawat bang

bintulu abrit, ireng, kuning, putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku

pancanaka.”

Dewi Umayi : “ sendika kang mas.”

Wonten ing Alas Krendawahana, Gajah Seno murugi Si Bungkus ingkang tansah

ngobrak-ngabrikke alas saisinipun. Lajeng Gajah Seno mecah Si Bungkus. Sasampunipun dipun

pecah, Si Bungkus lajeng nantang marang Gajah Seno. Lajeng, kadadean perang tanding Gajah

Seno marang Bima ingkang sampun awujud satriya.

Bima : “ Hee….. sapa sakjane sliramu iku? Kok wani-wanine kuwe mecah

wujudku kang arupa bungkus?”

Gajah Seno : “ Aku iki putranipun Bathara Guru sing awujud Gajah. Aku kautus dening

Rama supaya mecah sliramu supaya bisa dadi satriya kang utama.”

Bima : “ Aku ora percaya… ayo yen wani perang musuh aku!” (Lajeng Bima

perang usuh Gajah Seno)

Salajengipun perang tanding, Gajah Seno pungkasanipun sirna. Sedaya kekiatanipun

Gajah Seno manjing wonting ing lebetipun Bima. Lajeng, Dewi Umayi maringi kawruh ugi

ageman supados Bima seged dados satriya ingkang utama. Ing setengahipun dalan, Bima

kepanggih Bathara Narada.

Bima : “ Hemmm… sinten sejatinipun kula?”

Bathara Narada : “ Perkencong, perkencong waru doyong. Ngger, sira iku putra kaping

kalihipun Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunthi. Sira lahir awujud

bungkus pirang-pirang tahun. Sira lair ing alam donya iki dadaiya

satriya kang utama. Pramila kuwi, sira tak paring tetengger Bratasena

ya ngger….”

Bima lajeng dados satriya kang utama. Bima ugi saged nyirnakaken para raseksa ingkang

ngganggu urip ipun manungsa ugi kekuargaipun wonten ing Ngastinapura. Bima ugi saged

nglindungi keluarganipun saking alanipun Kurawa ugi Arya Sengkuni.

Dengan demikian, kisah Bima Bungkus dalam wayang Jawa memiliki makna yang sangat dalam dan memberikan banyak pelajaran bagi kita semua. Kita dapat memahami dan menghargai nilai-nilai yang terkandung dalam kisah ini, dan membawa hal-hal baik yang didapatkan dari membaca kisah ini dalam kehidupan sehari-hari. Terima kasih telah membaca tulisan ini, dan kami berharap Anda menikmati perjalanan dalam memahami kisah Bima Bungkus dalam wayang Jawa

Related posts