Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6 Halaman 55, 56, 57, 58

KUNCI JAWABAN BAHASA JAWA

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6 Halaman 55, 56, 57, 58 | Semua Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6 ada di Wislah |

Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 6 Halaman 55, 56, 57, 58 

Sekarang kamu sedang berada di dalam halaman khusus Kunci Jawaban Bahasa Jawa. Khususnya untuk Kunci Jawaban Bahas Jawa dari pertanyaan yang ada dalam Buku Paket Bahasa Jawa Kelas 6 pada Halaman 55, 56, 57, 58.

Bahasa Jawa

Bahasa Jawa adalah bahasa yang digunakan oleh masyarakat Jawa di Indonesia. Bahasa ini digunakan sebagai bahasa ibu oleh sekitar 80 juta orang di Jawa, Madura, dan Bali. Bahasa Jawa juga digunakan sebagai bahasa kedua oleh beberapa masyarakat di Sumatra, Kalimantan, dan Sulawesi.

Bahasa Jawa memiliki beberapa variasi dialek yang berbeda-beda sesuai dengan daerah. Beberapa dialek yang paling umum diantaranya adalah Jawa Tengah, Jawa Timur, dan Jawa Barat.

Bahasa Jawa memiliki sistem tulisan yang unik yang disebut aksara Jawa. Aksara ini digunakan untuk menulis bahasa Jawa dan dapat ditemukan pada berbagai macam dokumen, termasuk buku-buku sejarah dan kerajaan, serta dalam peninggalan budaya lainnya.

Pembelajaran bahasa Jawa dapat dilakukan melalui berbagai cara, termasuk mengikuti kelas, belajar dari buku-buku, atau belajar dari native speaker. Pembelajaran bahasa Jawa dapat memberikan kesempatan untuk mengenal budaya Jawa dan juga dapat membantu dalam komunikasi dengan masyarakat Jawa.

Jawaban Soal Bahasa Jawa Kelas 6 pada Halaman 55, 56, 57, 58 

A. Semaken teks wacan ngisor iki kanthi setiti!

Nututi Layangan Pedhot

Ing wayah bengi Pak Suta kelangan kandhi isi kacang ijo, esuke lapur marang Kyai Bekel (yen jaman saiki: lurah). Sanalika Kyai Bekel kongkonan anggoleki sakiwa-tengening desa, sarta anggledhahi omahe wong ing desane dhewe, nanging ora ketemu.

Sarehne Kyai Bekel sumelang yen diluputake parentah (pimpinan), mulane banjur kongkonan maneh wong telu, diopahi nyaringgit. Enggone nggoleki wus oleh salapan dina, durung oleh titik, malah-malah Kyai Bekel isih kelangan dhuwit maneh kanggo ngopah-opahi.

Gunggunge dhuwit kang kagawe golek katrangan, wus tikel sapuluh karo ajine kacang mau, nanging meksa durung bisa oleh katerangan. Kawuwuhan bareng priyayi Dhistrik (jaman saiki: kecamatan) ngrungu, yen ing desa kono ana wong kemalingan, bekele ora tumuli lapur, Kyai Bekel banjur katimbalan sarta didukani akeh-akeh. (Serat Paribasan, Dening Aryasutirta, 1931 : 788)

B. Wangsulana pitakon-pitakon iki :

1) Apa irah-irahane wacan mau?

Jawaban:

Nututi Layangan Pedhot

2) Crita mau paragane sapa wae?

Jawaban:

Pak Suta, Kyai Bekel, dan Priyayi Dhistrik.

3) Apa wae sing dirembug sajerone crita?

Jawaban:

Pak Suta kelangan kandhi isi kacang ijo. Wis digoleki tekan ngendi-endi lan ngentekake biaya akeh, nanging ora ketemu

4) Kepriye sesambungane irah-irahan kelawan isining crita?

Jawaban:

‘Nututake Layangan Pedhot’ iku minangka unen-unen kang trep kanggo nggambarake isi crita.

5) Tetembungan sajerone irah-irahan nduweni teges kang lumrah (lugas), apa entar (kiasan)? Paringana katrangan kang cetha!!

Jawaban:

Nututake layangan pedhot’ nduweni teges entar. Kahanane Pak Suta dibantu Kyai Bekel sing nggoleki kandhi isi kacang ijo sing ilang digambake nututi layangan pedhot.

6) Apa tegese irah-irahan mau sesambungan karo teks wacan?

Jawaban:

Irah-irahan “Nututake Layangan Pedhot” tegese nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane.

7) Irah-irahan mau kalebu jinising unen-unen apa?

Jawaban:

Bebasan utawa paribasan

8) Mathuk apa ora manut panemumu unen-unen sing digunakake kanggo irah-irahan?

Jawaban:

Unen-unen sing digunakake kanggo irah-irahan wis mathuk amarga nggambarake isi crita

C. Wangsulana pitakon iki kanthi milih salah siji saka patang wangsulan sing cumepak (a,b, c, utawa d)!

1) Unen-unen Jawa, tegese ….

A. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu.

B. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu.

C. tetembungan tartamtu kang endah.

D. tetembungan sajerone ukara, kang kasusun miturut adat.

Jawaban:

B. tetembungan tartamtu sajerone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu.

2) Unen-unen sajerone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana….

A. lima

B. papat

C. telu

D. loro

Jawaban:

C. telu

3) Sing kalebu unen-unen Jawa, yaiku….

A. bebasan, paribasan, saloka

B. bebasan, saloka, pepindhan,

C. saloka, paribasan, pepindhan

D. saloka, baradha, pepindhan

Jawaban:

A. bebasan, paribasan, saloka

4) Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ….

A. tetembungane tetep, cacahe ganep

B. tetembungane tetep, isine owah

C. tetembungane tetep, ora owah

D. tetembungane tetep, ganep, bisa owah

Jawaban:

B. tetembungane tetep, isine owah

5) Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka ….

A. Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar.

B. Tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah.

C. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu.

D. Tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah.

Jawaban:

A. Tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar.

6) Tegese paribasan nututi layangan pedhot ….

A. Nindakake pakaryan kang angel kelakone.

B. Nindakake pakaryan kang gampang kelakone.

C. Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane.

D. Nindakake pakaryan kang gampang oleh-olehane.

Jawaban:

C. Nindakake pakaryan kang angel oleh-olehane.

7) Tegese bebasan kebo kabotan sungu ….

A. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen apus-apus.

B. Wong kang kesrakat uripe merga dhemen mangan turu.

C. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen anake.

D. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen pakaryane.

Jawaban:

C. Wong kang kesrakat uripe merga kakehen anake.

8) Tegese saloka jer basuki mawa beya ….

A. Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan.

B. Amrih bisa sugih, butuh utangan.

C. Amrih bisa pinter, butuh sekolah dhuwur.

D. Amrih bisa seneng, butuh msngsn enak.

Jawaban:

A. Amrih bisa mulya, butuh pangurbanan.

D. Gawea ukara nganggo unen-unen ngisor iki!

1. Rawe-rawe rantas malang-malang putung

Ukarane:

Jawaban:

Tanduran sing ngalangi dalan iku rawe-rawe rantas malang-malang putung ben ora ngganggu lelungane wong

2. Si Cebol nggayuh lintang

Ukarane:

Jawaban:

Gegayuhane Nikmah kaya cebol nggayuh lintang

3. Udan tangis

Ukarane:

Jawaban:

Tanah Jawa lagi udan tangis

4. Kumenthus ora besus

Ukarane:

Jawaban:

Pak Bayu ora tau rumangsa yen wonge kemethus ora besus

5. Abang-abang lambe

Ukarane:

Jawaban:

Cah kuwi senengane mek abang-abang lambe

E. Kepriye panemumu ngenani panganggone unen-unen ana sajerone ukara?

Jawaban:

Unen-unen ing sajerone ukara nduwe panggonan dewe-dewe manut tegese.

Cara Nglestarekake Basa Jawa ing Jaman Modern

Jaman modern saiki nggawa owah-owahan sing cepet lan signifikan ing macem-macem aspek urip, kalebu basa. Basa Jawa minangka salah sawijine basa kang digunakake ing tlatah Jawa ngalami ancaman sajrone panganggone ing jaman modern iki. Ananging nglestantunaken basa Jawi ing jaman modern menika mujudaken prakawis ingkang wigatos, mliginipun tumrap para siswa. Ing ngisor iki sawetara cara sing bisa ditindakake para siswa kanggo nguri-uri basa Jawa ing jaman saiki:

  • Sinau lan nguwasani basa Jawa kanthi formal ing sekolah. Para siswa saged nglajengaken kursus basa Jawi wonten ing sekolah, saengga saged mangertosi struktur saha kasugihan basa Jawi kanthi langkung jero.
  • Ngginakaken basa Jawi ing padintenan. Miwiti anggenipun ngginakaken basa Jawi wonten ing pacelathon padintenan badhe nguwaosi siswa langkung sae.
  • Maca karya sastra Jawa. Maca karya sastra Jawa bakal mbiyantu para siswa bisa ngerteni kasugihane basa lan budaya Jawa.
  • Nggawe aplikasi utawa media pasinaon basa Jawa. Siswa saged ngembangaken aplikasi utawi media pasinaon basa Jawi ingkang saged dipunginakaken dening sesami utawi masyarakat umum.
  • Ngaturaken kagiyatan ingkang gayut kaliyan basa Jawi. Siswa saged ngawontenaken kegiyatan kadosta lomba basa Jawi, pagelaran wayang, utawi sanes-sanesipun ingkang gayut kaliyan basa Jawi.

Nglestarekake basa Jawa ing jaman saiki dadi tanggung jawabe. Mula para siswa minangka calon pemimpin kudu melu upaya nglestarekake basa Jawa supaya tetep lestari sajrone perkembangan jaman modern.

DOWNLOAD DI SINI

Related posts