WISLAH.COM – Berikut “Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 5 Halaman 103, 104, 105“, memuat kunci jawaban serta pembahasan soal Bahasa Jawa kelas 5. Materi pembelajaran ini mencakup pemahaman wacana tentang ketua kelas, serta penggunaan bahasa figuratif seperti parikan, panyandra, panyendhu, pepindhan, dan paribasan.
Artikel ini disusun untuk membantu siswa kelas 5 dalam memahami dan menjawab soal-soal Bahasa Jawa, terutama yang terkait dengan materi pada halaman 103, 104, dan 105. Selain itu, kunci jawaban ini juga dapat dimanfaatkan oleh guru sebagai referensi dalam mengoreksi tugas siswa dan memberikan umpan balik yang konstruktif.
Dengan adanya kunci jawaban ini, diharapkan siswa dapat lebih mendalami materi Bahasa Jawa, khususnya dalam hal pemahaman wacana dan penggunaan bahasa figuratif. Selain itu, siswa juga diharapkan dapat meningkatkan kemampuannya dalam menjawab soal-soal Bahasa Jawa secara mandiri.
Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 5 Halaman 103, 104, 105
Wacanen kang patitis!
Ketua Kelasku
Wijaya Putra pancen bocah kang pinunjul, ora mung lantip pikire nanging uga awake uga gagah pideksa kaya Raden Gathutkaca, mripate blalak-blalak, alise nanggal sepisan. Anggone tandang gawe ya ora nguciwani, cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang. Mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas.
Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas. Ora bakal wong sing sarwa kekurangan pinilih dadi pimpinan, kaya bocah sing ora ngukur karo awake dhewe kae, wis ora pinter, kumalungkung, nggenthong umos, lakune gejig, sikile pengkor, awake ambune arum jamban, wis ora ana apike babar pisan kok ya…nyalonake dadi ketua kelas, mung ngendelake wong tuwane sing sugih brewu. ….Eh ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke.
Muga-muga wae Wijaya Putra besuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik. Bisa ndadekake kelas iki apik ing sekolah, syukur bage bisa nggawa jeneng sekolah ana ing tingkat kecamatan, kabupaten apadene nasional.
I. Pilihen jawaban A, B, C utawa D kang bener!
1. Wacan sing wis kokwaca ing dhuwur kanthi irah-irahan ….
A. Wong sing kumalungkung
B. Bocah kang pinter
C. Ketua Kelas
D. Panyandra kanggo bocah
Jawaban:
C. Ketua Kelas
2. Miturut wacan ing dhuwur ketua kelase aran ….
A. Bambang Priyono
B. Wijaya Putra
C. Prayitna Suwondo
D. Putra Wijawa
Jawaban:
B. Wijaya Putra
3. Ketua kelas ing wacan iku dicandra, mripate ….
A. ndamar kanginan
B. nanggal sepisan
C. blalak-blalak
D. nggendhewa pinenthang
Jawaban:
C. blalak-blalak
4. Ukara kang ana ing wacan sing kalebu parikan yaiku ….
A. Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas.
B. Mula ora salah menawa dheweke kepilih dadi ketua kelas.
C. Ora pareng ngandha wong liya mundhak dadi ora apik, tur maneh awake dhewe durung mesthi luwih apik saka dheweke.
D. Muga-muga wae Wijaya Putra besuk bisa mimpin kelas iki kanthi apik, bisa ndadekake kelas iki apik ing sekolah.
Jawaban:
A. Kembang pakis uripe ing cedhak wit luntas, wis lumrahe sing wasis pinilih ketua kelas.
5. Cukat trengginas kaya sikatan nyamber walang iku kanggo mindhakake ….
A. sesambate
B. tingkah polahe
C. tandang gawene
D. anggone kekancan
Jawaban:
C. tandang gawene
6. Bocah wadon kae ayune kaya widodari, pikirane lantip, nanging embuh amarga apa gandane arum jamban. Arum jamban ing ukara iku tegese ….
A. wangi banget
B. nuwuhake ganda arum kang ora ana enteke.
C. banger banget
D. gandane arum wangi nengsemake ati
Jawaban:
C. banger banget
7. Bocah kuwi ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandewa pinenthang, bangkekane ….
A. jambe sinigar
B. nawon kemit
C. ndamar kanginan
D. mucuk eri
Jawaban:
B. nawon kemit
8. Ana ing Pawayangan kang duwe mata kera yaiku ….
A. Baladewa
B. Bagong
C. Nala Gareng
D. Narada
Jawaban:
C. Nala Gareng
9. Kanggo ngarani perangane awak sing apik-apik diarani ….
A. parikan
B. panyendhu
C. bebasan
D. panyandra
Jawaban:
D. panyandra
10. Basa kang endah utawa basa sastra, endahe karana dipaesi/direngga-rengga utawa dirumpaka diarani….
A. basa krama
B. basa rinengga
C. basa bagongan
D. basa krama desa
Jawaban:
B. basa rinengga
II. Golekana gandhengane antarane kolom kiwa karo kolom tengen!
1. Kuning padha kuning ngumpul dadi siji lir pendah podhang reraton
Jawaban:
e. Pepindhan
2. Bocah kuwi pancen merak ati, untune miji timun, drijine mucuk eri.
Jawaban:
d. Panyandra
3. Manuk emprit nucuki sega krawu, dadi murid kudu sregep sinau.
Jawaban:
b. Parikan
4. Dadi murid kudu sregep sinau aja kaya bocah kae, mung nggenthong umos mula ora landhep pikire.
Jawaban:
a. Panyendhu
5. Bocah kok ora kena dikandhani, becik ketitik ala ketara.
Jawaban:
c. Paribasan
III.Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
1. Apa bedane antarane panyandra karo panyendhu ?
Jawaban:
Panyandra iku tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo ngalembana, dene panyendhu iku tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni utawa nacad.
2. Apa sing diarani parikan iku ?
Jawaban:
Ukara kang kadadean saka sampiran lan isi.
3. Apa sing kokngerteni ngenani pepindhan ?
Jawaban:
Ukara kang digunakake kanggo madhakake samubarang kang tegee kaya.
4. Gawea tuladha ukara kang mujudake panyandra!
Jawaban:
Aldo kuwi pancen bocah ayu tenan, alise nanggal sepisan lan irunge ngudhup mlathi.
5. Gawea tuladha ukara kang mujudake parikan!
Jawaban:
Manuk tuhu mencok pager, sregep sinau dadi pinter.
Penutup:
Demikian “Kunci Jawaban Bahasa Jawa Kelas 5 Halaman 103, 104, 105“, semoga bermanfaat bagi siswa dan guru dalam proses pembelajaran Bahasa Jawa. Dengan memahami kunci jawaban dan pembahasan yang diberikan, diharapkan siswa dapat lebih menguasai materi dan meningkatkan kemampuannya dalam menjawab soal-soal. Selain itu, kunci jawaban ini juga dapat menjadi referensi bagi guru dalam mengevaluasi hasil belajar siswa.